Kamis, 18 Februari 2016

DALAN KATRESNAN

“Dalan Katresnan”
Karyanipun : Kurniawati

Cuaca awan sing wis mendung sakwise rampung tata-tata nggo mangkat maring pondhok. Aku pamit karo Abi lan Umi. Aku pangkat karo Kangmas.
“Adik, cepatan selak nganti udan nang dalan”. Perintah Mas.
“Inggih, mas sedililit malih”. Jawabe aku.
Nang dalan aku ngrungoake lagu korea. Sedih rasane liburane wis rampung. Sebenere durung pengin balik mareng pondhok ananging Abi karo Umi wis maksa bae kon mareng pondhok.
“Adhik, wis tekan, mas tak sowan set ya. Sampeyan tata-tata lemari rana!!” Perintah Kangmas.
“Inggih mas. Ampun lali mengken aku diparani malih”. Perintahe aku.
Sepi banget, kayane aku sing pertama rene. Nang mushola ngisor ora ana sapa-sapa. Apa lagi pada metu ya?, tapi iki isih isuk. Nang kamar namung ana bocah siji sing lagi nata lemari.
“Datul, deke teka kapan?”. Takone aku.
“Mau jam 08.00, Soule bapake aku ana urusan dadine aku mangkat gasik”. Wangsulane.
“Oh ya!!!. Aku tek beresna lemari dhisit ya”. Pamite aku. Lemari wis rapi. Wektune nemuni mas nang ngarep. Rasane seneng bisa tekan pondok sehat lan selamet. Aku ora nyangka wis 6 bulan lewih nag pondok.
“Mas sampun dangu nunggune!”. tanglete aku.  
“durung, nembe niki, barang Buya ngajak mas ndongeng, dadine ya lumayan suwe, rapapa kan?” Jelase.
“Boten napa-napa kok mas, saniki ajeng teng Wonosobo?” takone aku.
“iya kan sampean arep tumbas peralatan apa bae sing kurang mareng umi”.
Sakwise gaduk nang Wonosobo, aku maring Rita Pasar Raya pertama liyane. Terus tumbas peralatan Make Up lan mandi.
“Kangmas, sampun dereng, belanjane niki sampun kathah sanget”. Protese aku.
“Mangken rien, mas durung tumbas jajan go persediaan nang kos”. Omonge terus luru jajan.
Wis rampung belanja aku tumbas maem karo mas nang Wonosobo, rasane kaya wong lagi pacaran bae aku karo mas. Umure Cuma kacek 1 tahun tok. Jan wis kaya wong pacaran nek wong sing weroh ora kenal aku karo mase aku.
“Mas, kok rasane wong-wong podho mriksani dhewe”.
“Lah porah wis, dimaem bae. Lubar iki bali.”
Tekan pondhok maning wis sore pondhok wes rame banget. Jebule wis padha mangkat kabeh. Esok-esok aku wes siyap-siyap arep mangkat sekolah. Dina pertama sekolah sak uwise liburan 2 minggu. Rasane kangen karo kanca-kanca nalika isih kelas X2. Jarene dina iki anane penjurusan. Semoga bae jurusane pas karo aku. Pas tak deleng papan pengumuman aku plebu Language 1, Alhamdulillah banget jurusane tepat karo sing tak aku pengini. Pas aku arep ning kantin aku weruh cowok sing pas lagi MOS nabrak aku. Jebule cowok kui isih kelingan karo aku. Seneng banget rasane, wis suwe ora ketemu gara-gara cowok kuwi pindhah tapi saiki malah balik maneh.
“Hey, wis rakenal ya? Karo aku?” sapane aku.
“taseh, kenal lah, kanca masa lali?” jarene.
“piye… cih, Asrof kok balik maneh”. Takone aku
“Jebule penak nieng kene, barang ana sampeyan”, nunjuk aku.
“eehh… srof aku mabur kie??” guyone aku
“wis, mabur bae rana!!! ra sah balik maneng”. Perintahe karo ngejek.
“tenan, sampeyan ikhlas yen aku mabur lan ora bali maneng.
Jangka ora kangen karo aku”. Godane aku.
“Oral ah!!”. Jawabane sok banget
“tenan ya, wes aku tak mabur by.. by.. by.. ??”. Celuke Asrof
“Ayo, siki nang ruang 27”. Wangsulaneku
Seneng rasane bisa ketemu kanca lawas. Ora dak kira Asrof pindhah jurusan maring Bhs . Rasane dina iki aku wong sing paling seneng kayane. Amargi dina pertama sekolah, dadi siki baline gasik. Aku ora langsung bali maring pondhok, dolan dhisik keliling nang kene. Malah Asrof milu y awes sekalian bae.
“Sampean arep mareng ngendi”. Takone Asrof
“Ke hatimu…!!”.
Ngapunten sampun full niki”
“maring ngendi bae, sing penting mlaku dhisik, aku bae durung ngerti arep mareng ngendi”. Tuture aku karo sok mikir.
“O… walah???? Sampeyan kuwi piye jane, kaya kue mono donge aku ra sah melu bae!!!” Wangsulane kaya nyesel banget.
“Ceritane nyesel kay kuwi, ya sampun wangsul mawo prika”. Perintahe aku mandan ora ikhlas.
“Wis ketalang melu!!!, males balik maning”. Jelase.
“Ya, sampun capcus yuk!! Aku arep maring Wonosobo”. Jelasane aku.
Aku ora nyangka Asrof melu aku maring Sobo. Aku ngajak Asrof maring Taman Kota namung muter-muter karo lirik-lirik apa bae sing kirane apik.
“iki sebenere arep ngapa anane kawit mau mlaku-mlaku tok, ditraktir napa!!”. Pengine Asrof.
“Ya, engko yen aku wis dadi Gubernur sampeyan tak traktir”.
Kesuwen nganti jamuren aku”. Asrof
“iya, ayo tak traktir arep apa ngono”. Perintahe aku sok banget
“Jagong nang kana dhisit yok”, ajake karo nunjuk bangku sing ora ana ning taman kota.
“Ya… apa sok gari ngomong bae”. Aku.
“Aku tresna karo sampeyan”. Jawabe Asrof sontak gawe’ake kaget nganti ora bisa ambegan.
“Napa?, aku sok ora krungu.
“Aku tresna karo sampeyan. Sampeyan gelem karo aku” Jawabe Asrof tambah seru.
“Ya, aku gelem”. Jawabe aku malu-malu, tapi gelem.
Ora dak sangka aku bisa dadian karo kancane dhewe. Seneng banget akhire aku bisa ngrasakena tresna sing sebenere.
Pungkasan kang nyenengake kanggoku lan Asrof.

Tidak ada komentar: