Senin, 22 Februari 2016

“Senenge Atiku”

Oleh : Lasmiyatun

    Hawa isuk dinane krasa seger banget during ana bledug sing nyebar ning ngendi-ngendi…..
Jam 06.00 aku tangi, tangi turu. Nalika bapak lan ibu sampun wangu…..
“Nduk-nduk… tangi, wis isuk, kae loooo… srengenge wis nongol…
Ibuku nggugah aku ning kamare aku…
“iya bu… ki aku wis tangi…
Aku cepet-cepet tangi lan menyat saka kasur
“nduk… aja lali ya… tata kamare, sabanjure di resiki…
“iya bu…
Aku karo natani kamar ben rapi…
Ibu ku lagi resik-resik omah, sarampunge resik-resik, ibu adang sega, wedang karo sayur kanggo sarapan aku lan bapak…..
Sauwise rampung ibu nyeluk aku…
“Nduk….. adus riyen, cepet… mumpung bapak tesih ning warung”
Aku cepet-cepet jipuk anduk karo mlaku menyang kamar mandi
“iya bu… iki aku arep adus”.
    Aku cepet-cepet mlaku menyang kamar mandi, aku langsung adus cepet-cepet.
Amargi mengko bapak selak kondur saka warung, mesti mengko bapak nek sampun kondur langsung siram, amargi bapak badhe mulang menyang sekolah SD Pertiwi…..
 “Assalaamu’alaikum…”
bu, iki gulane, aku tak adus dhisit ya…..
wis awan iki, mengko aku telat…..
Ibu cepet-cepet marani bapak, karo nampani gula saka bapak.
“iya pak….”
Ibu menyang dapur kalian menyang kamar mandi…..
“nduk….. aduse wis rampung urung ????”
ki bapak sampun kondur saka warung, cepet ya…
mangke bapak telat loooo…..
aku karo andukan…
“iya bu… ki aku wis rampung, aku lagi andukan…
Sawise aku rampung adus, aku langsung menyang kamar, aku langsung salin klambi sekolah, klambi sekolahku sing wis rapi sing wis kelipet rapi ning jero lemari klambiku… tak jipuk lan tak dienggo…
Aku cepet-cepet jungkatan, dandan, nganggo krudung lan sak liyane.
Ibu ku nyeluk-nyeluk aku…
“Nduk-nduk… wis during dandane?
cepet sarapan dhisit, engko nganti maeme adem, nek adhem
rak enak loooo….. cepet ki, bareng-bareng bapak karo ibu
aku cepet-cepet lunga menyang ruang maem
“iya… ibu, ki aku wis rampung, aku tak mrana…
Aku bapak lan ibu sarapan bareng-bareng ibu lan bapak ngongkon aku supayane donga sadurunge sarapan..
Aku langsung maca songane..
“Bismillahirrahmanirrahim…
Allahumma bariklana fima rozaktana waqina adza banner… amin ya robbal ‘alamin…”
Aku, bapak lan ibu langsung sarapan bareng-bareng kalian
Cerita, ibu, aku karao bapak bahas liburan iki pak lunga menyang di…..
“Bu….. liburan iki pak lunga ning di acarane???”
Ibu bingung banget… ibu mikir-mikir karo kebingungan
“Waduh…!!! Aku bingung banget pak… pie iki…..
Liburan wing iwis neng puncak…
Apa mosok pak menyang puncak maneh???”
Aku langsung usul ning bapak lan ibu…
“aja bu, aja ning puncak maneh…
bosen…”
“la terus neng di ya…..?”
“mending liburan iki, aku, bapak lan ibu maring kabeh wae amargi tanduran sayur lan who-wohan ibu lan bapak wis arep di panen si???
“pinter… betul kui nduk…..
tapi nek engko mareng kebone wis rampung, pak ngapa maneh?
“ya… pit-pitan to… muteri desa iki…”
kan aku, bapak kalian ibu during pernah muteri desa iki to…???”
“iya… ya…”
“ya wis kaya ngono wae ya… bapak setuju ra pak???”
Bapak setuju banget kalian usule aku…
“loo… ya bapak setuju banget to karo usule nduk  daripada liburane ning kota-kota ngentekke duit, mending maring kebon wae ta?... manfaat terus ra ngenteke duit ta? … manfaat terus ra ngentekke duit to…
pie nek engko wis prei balapan nggo ontel, bapak, ibu lan nduk???
“setuju banget kuwi pak, sapa wedi..
Pesti ngko bapak lan ibu kalah, terus sing menang aku
He...he...he...ha...ha...ha...
Aku, bapak lan ibu wis rampung sarapane, salajenge bapak tindak menyang sekolah, aku mangkat bareng bapak menyang sekolah go mobil....
Ibu langsung beresi umah lan beresi meja maem...
... aku karo bapak menyang sekolah seneng banget... amargi pas ning dalan angine seger banget...
Setekane sekolah aku lan bapak cepet-cepet mlebu menyang kantor guru... aku lan bapak semangat banget...
Mara-mara kelasku ribut banget... aku bingung, kanca-kanca ki do ngeributke apa???... aku langsung takon menyang kancaku Tiara
“Tiara...
“dalem... ana apa ya???
Aku langsung takon cepet-cepet, amargi aku penasaran banget...
“ana apa ta??? Deneng ribut banget... ana apa jane???
“owalah... kowe durung reti ya... nek saiki ki bali cepet kan, ngko rapote di bagi ta... kan arep preinan juga ta...
“oh.. iya ding... lali aku... terus saiki dewe resik-resik ta... kerja bakti disik...
“ya...ya wis yooo... cepet, ngko domei looo... ning bu Farah...
“ya...ayuk...
    Aku lan kanca-kanca langsung mangkat kerja bakti, sing putra do beduli suket karo nebangi wit-witan sing kira-kira elek nalika sing putri ngresiki kelas ana sing nyapu, ngepel, ngelap kaca lan sakliyane.
    Aku lan kanca-kanca rampung kerja bakti jam 09.00, sakwise kuwi aku lan kanca-kanca nerima rapot sekolah... Atika puol dek-dekan, aku wedi nek biji rapotku ala, pesti ngko aku di domei kalian baak lan ibuk terus aku juga ora entuk hadiah seko bapak lan ibuk... aja lah ya...Allah... aku moh...
    Wali kelas wis mlebu meng kelase dewe-dewe, nalika pak Nouval wis mlebu meng kelas ku, Atika tambah gemetaran, pie iki???... Gusti tulung aku pak Nouval ngumumake sapa sing ringking siji, loro lan telu...
“assalamua’laikum siswa” salam pak Nouval
“walaikumsalam pak...” jawab siswalan siswi
“baak saiki are ngumumake sapa sing ringking siji, loro lan telu.
Siap-siap ya...
Eghm...ringking telu yaiku Riska
Ringking loro yaiku Sam
Na... ringking sijine yaiku... Olivia...
Wah... ? atika seneng banget... aku bisa oleh ringking siji...
He...he...he...he... matur suwun Gusti...Alhamdulillah...
“iya... pak... matursuwun nggih pak...pak Atika seneng banget...
“ya...wis... saiki sinau maneh ben tambah apik bijine...
“ya...pak, esti aku sinau sing rajin...
    Sawise pak Nouval ngumumake sing ulih ringking, pak Nouval langsung bagiake rapot menyang siswa lan siswi, banjur pak Nouval nutup acara pembagian rapot...
“cukup... ya...sesuk siswa-siswi isa do liburan...
Ya... wis... wassalamua’laikum warohmatullahiwabarakatuhu
“wa’alaikum salamwarahmatullahiwabarakatuhu” jawab siswa-siswi
    Aku karo bapak cepet-cepet bali menyang umah, sawise tekan umah ibu wis ngenteni aku karo bapak ning ruang TV...
Ibu langsung takon aku
“pie...rapote nduk???
“pak, bu... matursuwun ya...berkatpandongane lan pangestune bapak lan ibu... aku ringking siji ning kelas...matursuwun amargi bapak lan ibu wis nyemangati aku aben dinane... nek ora ana bapak lan ibu... aku ra bakal isa kaya ngene...
Ibu kalian bapak langsung nyikep aku karo ngambung aku...
“ibu seneng nduk...due aak kaya kowe, bapak ki juga seneng, dadi bapak karo ibu ora sia-sia aring nyekolahke kowe...
Bapak meneng karo mikir... aku banjur takon
“pak... bapak kengen napa???
“bapak lagi mikir pak ngewei kowe hadiah apa ya???
Aku langsung jawa pitakone bapak
“ngapa bapak bingung... bapak karo ibu gari ngewei aku hadiah cukup nganggo welas asih lan didik aku sing tambah nemen ben aku tambah dadi anak sing luweh pinter, sholehah lan bekti menyang bapak lan ibu.
“kowe ki mancennn.. anake bapak lan ibu sing patut di banggakna...
Ha..ha...he...he..he...

Tidak ada komentar: