Senin, 22 Februari 2016

Lara Ati

Oleh : Riza Bahtiar A.Y.

    Isuk-isuk ana bocah SMA sing jenenge Paijo. Paijo lagi seneng karo bocah kelas X IPS 2 sing jenenge Siti, jeneng lengkape Siti Afita Sari.
Paijo bingung, sing lagi dipikirna Paijo siji, yaiku piye carane Paijo bisa nggayuh tresnane Siti, tapi Paijo ora wani ngutarakna rasa tresnane maring Siti kerono Siti niku anake wong sugih lan Paijo anake wong tani. Bali sekolah Paijo numpak bis lan ora sengaja sak bangku karo Siti. Atine Paijo seneng banget, tapi atine Paijo ya ana rasa deg-degane.
“Siti kowe bali dewekan, ora karo kancane?”, ngucap Paijo sok deket lan sok akrab”.
“Iyo miki kancane wis bali disit jere ana urusan mendadak”, Wangsulane Siti.
“Oh”.
    Ora suwe Siti turu ning bis, Paijo ndeleng ake bae raine Siti lan Paijo ngomong ning njero ati, “wah Siti angger turu raine tetep ayu kaya bidadari”.
Wis 1 jam perjalanan Paijo anjog ning omah, ning ngarep umahe Paijo ana rame-rame, jebule biyunge Paijo seda. Paijo langsung mlayu lan ngrangkul awake biyunge trus Paijo takon meng tanggane,
“Pak, biyungku kenangapa pak..?”, pitakone Paijo.
“Miki biyungmu lagi meng sawah terus ngidek kodok terus keplesan lan sirae kejeblog wati lan sirae biyungmu bocor arep tak sumpel tapi ora bisa”, wangsulane bapake Paijo.
“Haa, disumpel??!, anggepe selang bocor apa?!!”
Sak wise kue jazad dikubur ning pinggir umahe Paijo lan perekan karo makame bapake Paijo. Sakwise dikubur Paijo nangis ning kuburane ibune.
“Maa, kenang apa sampean mati ma, aku mengko urip karo sapa? Bapane mati mane mati lah terus sapa sing arep mbayari sekolahku karo nyanguni aku, trus utange mane masa aku sing kon mbayar..?”.
Sak matine mane Paijo, Paijo diasuh tanggane sing eman banget maring Paijo, teko.
Dina ngesuke Paijo sekolah lan Paijo mutusna arep nembak si Siti. Paijo nunggu wektu sing tepat nggo nembak Siti.
Pas Siti ana nang taman dewekan, Paijo teka,
“Sit, lagi apa Sit?”, ngomonge Paijo karo gugup.
“Iya kiye”, jawab Siti.
“Sit, aku arep ngomong serius karo koe”.
“Apa?”
“Sit, koe gelem apa ora dadi pacarku…?”
“Eee. Siti meneng sedela lan trus njawab,
“Ma’af ya Jo, aku ora bisa nrima kowe…
    Paijo langsung mlayu ninggalna Siti. Paijo langsung nangis-nangis lan Paijo atine hancur utawa istilah gaule jere “Broken Heart”.
Akhire Paijo bali meng umah karo rasa jengkel kerono ditolak cintane. Ning tengah-tengah Paijo dikejutna karo temuan benda asing. Sawise dipereki jebule ana botol sing gawe atine Paijo penasaran, terus Paijo njukut botol kui lan mbukak tutup botol kuwi. Sa’wise dibukak botol kui ngetokna asap sing gawe peteng.
    Setitik awit setitik, kabute mipil ilang trus Paijo weruh sosok sing awake duwur lan gede, raine ireng medekna.
“Woy sapa koe?!” jere Paijo karo ngarahna jentik telunjukke meng arah wong sing miki.
“Hahaha ….., aku kiye jin seko Papua, kerono Big Boss wis nyamatna hamba, hamba ndei siji penjalukan apabae sing Big Boss njaluk mesti tak kabulna, ha ha ha”, jawab si jin.
“Ya wis saiki aku njaluk Siti dadi pacarku, bisa apa ora?”
“E e e mengko tak pikirna, ah jebule sakwise tak trawang-trawang Siti kuwi wonge ayu, sugih. Lah Big Boss wis elek, miskin, yatim piatu maning”, jawab si Jin jujur. Paijo nangis krungu omongane si jin mau kuwi, tapi karo krasa mangkel karo si jin.
“Dasar jin goblog..!!”, jere Paijo. Banjur jin iku bali nang Papua lan bebas karo ati seneng.  

Tidak ada komentar: